Senin, 25 Agustus 2014

PIDATO BAHASA JAWA_ ATUR PAMBAHAGYA KHITANAN



Assalamualaikum Wr.wb

Alhamdulillahirobbil’alamin, washolatu wassalamu ‘ala asyrofil’mursalin, wa’ala aalihi wa shohbihi wa man tabi’ahum ila yaumidin. Ammaba’du

Kawula nuwun, panjenenganipun para sesepuh, para pini sepuh, ingkang satuhu pana ing pimawas, lebda ing pitutur, keba ing panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipun para priyagung dharahing nata, para sarjana surjaning budi, para pangemban pangembating praja satryaning nagari, minangka pandam panduming para kawula dasih, ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Para alim ‘ulama, ingkang rinten dalu tansah sinanding kitab suci wahyuning ilahi, ingkang satuhu luhuring budi
Para baraya wira wiyata, ingkang marsudi ing reh kridaning budaya myang karya.
Para kma karya labet praja, ingkang rhahambeg uhuring darma, miwah para kadhang sutresna mudha werdha ingkang pantes sindarsana, punapa dene para tamu kakaung sumawana putrid ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
            Minangka purwakaning atur, sumangga langkung rumiyin kawula ndereakaen manungku puja,, ngunjuaken sembah puji syukur ngarsa dalem Gusti Ingkang Murbing Dumadi, ingkang sampun kapareng paring rohmad, lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa lan kasalira dumatheng panjenengan sedaya dalasan kawula, sahengga kita saged hanglonggaraken penggalih, haminaken wanci saha kaperluan rawuh kempal manunggal wonten sasana pawiwahan mriki.
Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu pantes sinudarsana (kaula bekteni). Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat ing kinurmatan.
Kaparenga kula sumela atur, nggempil kamardikan anggenipun sami wawan pangandikan. Kula minangka sulih sariranipun bapak lalang palambang sakaluwangsa ingkang hamengku gati kaparenga matur ing ngarsanipun para rawuh, medharake raos pangraos ingkang medal saking telenging manah.
Para rawuh ingkang dahat ing kinurmatan,
Ingkang sepisan bapak Imam Fauzan sarimbit ngonjukaken puji sukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT , dene awit barokah, rohmat saha hidayahipun ing titi wanci menika saged ngawontenaken pawiwahan supitan putranipun ingkang angka I, ingkang sesilih asma adimas Abdullah Nurrokhim.
Kaping kalihipun bapak lalang palambang sekaliyan mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuh, ahlan wa sahlan dhumateng para lenggah kakung sumawana putri kairing atur gunging panuwun ingkang tanpa umpami. Dene panjenengan sami sampun kersa nglonggarake wekdal , ngenthengake sarira saha penggalih kangge ngestreni adicara menika sarta paring donga pangestu dhumateng nak mas Abdullah Nurrokhim.
Kaping tiganipun boten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para tangga tepalih, sanak sedherek, mitra sutresna, tuwin para mudha-mudhi ingkang sampun kanthi lila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken rancaging adicara menika.
Bapak Imam sekaliyan namung saged memuji mugi – mugi sedaya kesaenan panjenengan pikantuk lelintu ganjaran saking Allah SWT ingkang matikel-tikel. Aamiin.
Mboten kesupen, wonten kiranging suba sita anggenipun ananggapi para rawuh, saha kuciwaning anggenipun caos palenggahan , saha sanes – sanesipun saestu bapak lalang palambang sekulawarga nyuwun agunging samodra pangaksami.
Ing wasana para tamu kasuwun kanthi saged kaparenga anglajengaken anggenipun sami lelenggahan kanthi suka renaning penggalih sinambi angresepi pasugatan ingkang kaladosaken ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan menika.
Cekap mekaten atur kula, mbok bilih anggen kula ngaturaken pambagyaharja sugeng rawuh menika wonten galap gangsuling atur, saha kirang trapsila anggen kula matur, mugi para rawuh kersa paring gunging samodra pangaksomo.
Akhirulkalam wa Allahul muwafiq ila aqwamithoriq
wassalamualaikum wr.wb nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar